CARI Infonet

 Forgot password?
 Register

ADVERTISEMENT

123
Return to list New
Author: fleurzsa

Budaya & Bahasa Jawa (merged: dilaOHdila)

[Copy link]
Post time 15-2-2007 12:46 PM | Show all posts
Mengingatkan anda kepada Boso Jowo !!
------
Banjir Bandhang lan Crita Sirnane Kutha Yawastina
  file:///C:/DOCUME%7E1/Windows/LOCALS%7E1/Temp/msoclip1/01/clip_image001.jpg
  
LINDHU lan njebluge gunung, kang bisa kagolongake minangka bencanaalamiah, pancen kerep dadi perangane gambaran dumadine gara-gara. Nangingbanjir bandhang, kang bisa dianggep minangka sapatemone antarane bencanaalamiah lan bencana merga saka tumindake manungsa, uga dadi tengara timbuleswasana sarwa chaos kuwi.


Ora gampang nemokake cathetan kang mratelakake anane banjir bandhang sakaprasasti-prasasti, babad-babad, lan kitab-kitab kuna liyane. Iku mesthi oramung amarga kang dimot ing kana iku ngemungake prestasi lan apa-apa singapik-apik wae. Nanging saora-orane kuwi bisa dadi pancadan kanggo nggawepanduga, manawa nalika jaman semana pancen sing diarani banjir bandhang ikuarang banget dumadine.


Alesan pindhahe pusat peprentahan, saka kutha siji menyang kutha liyaneamarga anane banjir, bisa diarani ora nate kapranggulan. Beda karo salah sijinealesane Mpu Sindhok nalika ngelih punjere Mataram Kuna saka tlatah Jawaperangan tengah menyang Jawa wetan amarga nguwatirake njebluge Gunung Merapilan Merbabu.


Upamane kahanan kang satemene pancen kaya mangkono, tenane bisa dipahami.Kejaba nalika semana gilir gumantine mangsa relatif tansah selaras karo pranatamangsa, keseimbangan antarekosistem uga isih tumata. Alas-alas isih dianggepwingit, diyakini ana sing ngreksa. Aja maneh kok mbabat wit-witane sakarepe,sedhengenga ngambah wae ora entuk sakepenake. Kapara ana sing diarani alas kanggawat keliwat-liwat, janma mara janma mati, sato mara sato mati.


Kahanan kaya mangkono, langsung utawa ora langsung, wis nyebabake alasminangka papan kanggo rembesane banyu udan sahingga ora kabeh ngalir menyang kali,tetep jinaga. Mula, banjir bisa diendhani.


Ing crita-crita kuna, klebu crita pewayangan, banjir uga angelgolek-golekane. Pancen gegambaran ngenani dumadine banjir bandhang asringdiucapake ki dhalang nalika nggambarake dumadine gara-gara. "Banjir bandhangwalik watu, mahanani akeh prawan dadi randha, akeh randha duwe anak, akeh anaklair tanpa bapak," mengkono dhalang Ki Suryanto saka Karanggedhe, Boyolalinate nyandra ing pakelirane.


Saliyane iku, banjir mung muncul ing pangimpene para narendra ing jagadpewayangan. Sawijine ratu ngimpi negarane dumadakan ketaman banjir bandhang.Mula nalika pasewakan, impen kuwi banjur disarawidekake. Para nujumdiklumpukake, sing perlune merdeni impen mau.


Ing lakon kethoprak, crita ngenani impen kaya ngono kuwi uga ana. Kaparanalika nujum sing mbatang impene Amangkurat ngandhakake manawa negarane sangnata bakal ketaman pageblug mayangkara, ratu Mataram iku malah dadi duka yayahsinipi satemah nujum mau dilebokna ing pakunjaran.


Ewasemono, tumrap wong Sala umur patang uluh tau mendhuwur lan wong-wongsapantaran kang mapan saurute Bengawan Sala mesthi isih gawang-gawang ******anmarang dumadine banjir bandhang, senajan wis patang puluh taun kepungkur. Ewoncacahe kuban jiwa, prasasat ora kena diwilang bandha-donya sing ilang. Kaparabencana mau saya njangkepi prahara sing lagi tumama nalika semana, nalikalarang pangan lan rurah pangrehe praja.
Bisa Digawe


Kayadene ing gara-gara, banjir iku ora mung gegayutan prakara kang asipatalamiah nanging uga aspek sosial lan kultural. Crita ngenani banjir bandhangkang ngancurake negara Yawastina ing jaman sabubare Bratayuda, temenengandhakake bab kuwi.


Mulabukane, Prabu Purusangkara sakadang amarga saka sabiyantune ResiMayangkara, kasil nyirnakake ratu raseksa kang dadi klilipe negara Mamenang.Minangka ganjarane, Purusangkara sakadang wenang nggarwa Dewi Pramesthisakadang, kang ora liya putra putrine Sri Aji Jayabaya.


Nanging merga sujana marang garwane, Purusangkara mbalekake Pramesthisakadang menyang Mamenang. Kamangka, Pramesthi lan adhi-adhine lagi padhangandheg. Kaya ngapa pingget atine Jayabaya meruhi putri-putrine dibalekakedening garwa-garwane tanpa alesan sing dianggep maton.
Tumrape Jayabaya, Purusangkara sakadang sing satemene isih padha-padhatedhak turune Parikesit iku kudu nampa ukuman. Mula kabeh kawula lannaraprajane dikerigake gawe bendungan. Dudu bendungan kanggo nyukupi kebutu*aneamong tani sing ngarapo sawah ing laladan negara kuwi. Nanging iki bendungansing sawayah-wayah bisa kanggo ngeleb negara Yawastina.


Tenan, nalika bendungan iku dijebol, banjir bandhang nerjang negaraYawastina, luwih-luwih kuthagarane. Ora ana sing bisa dislametake. Ora mungbandha donya, nanging uga nyawane. Klebu Purusangkara lan adhi-adhine, nemahitiwas jalaran bencana gaweyan mau.


Jayabaya ngira, putra-putrine bakal seneng atine merga wis diwales wirange.Nanging jebul nepsu iku kudu dibayar larang. Krungu kabar mau, Pramesthi daditiba kantaka, lan ora ana ambegane maneh.


Jayabaya ora nrimakake. Mula dheweke banjur mungah kayangan, protes marangjawata, geneya pramesthi dijabel nyawane. Nanging dewa ngandhakake manawa ikuwohing panggawene Jayabaya sing kebranang dening nepsu.


Ewasemono Jayabaya tetep nuntut dewa supaya mbalekake nyawane Pramesthimanunggal maneh karo ragane. Jawata ora kabotan, sauger Jayabaya gelemkasendhal mayang minangka ijole. Senajan abot, ketang tresnane marang Pramesthising lagi ngandhut jabang bayi, Jayabaya nyaguhi.
Pancen, banjir ning ngendi wae ora uwal saka tangan-tangan lan tumindake manungsa.Nanging tumrap manungsa kang "gawe banjir bandhang", kudune ya tansahsumadiya kalamun "kasendhal mayang" minangka undhuh-undhuhanepenggawe.
Reply

Use magic Report


ADVERTISEMENT


Post time 19-4-2009 03:03 AM | Show all posts
jawa 1 lg..
Reply

Use magic Report

Post time 14-11-2016 04:48 PM From the mobile phone | Show all posts
Apa maksudnya

yes uran ka pd jember kabeh, lelungan ddi kayong sungkan pisan
Reply

Use magic Report

You have to log in before you can reply Login | Register

Points Rules

 

ADVERTISEMENT



 

ADVERTISEMENT


 


ADVERTISEMENT
Follow Us

ADVERTISEMENT


Mobile|Archiver|Mobile*default|About Us|CARI Infonet

27-4-2024 11:53 PM GMT+8 , Processed in 0.058064 second(s), 25 queries .

Powered by Discuz! X3.4

Copyright © 2001-2021, Tencent Cloud.

Quick Reply To Top Return to the list